Wednesday 13 April 2011

CERKAK JARKAN: Penulis Kawentar

“Dhelengen aku, Reka si penulis sing ora enek tandingane! Penulis kawentar!” Eseme Reka ilang. Bocah wadon kang bentuk sirahe oval sing isih semangat nyawangi posene ning foto sakukuran kartu pos kuwi noleh menyang suara kang ngomentari omongane. Suara abot sing rada serak. Pengira-irane ora salah. Mas Reki, mase sing barep.
            “Heleh, meri to kowe!” spontan Reka bunderne cangkem, nggembungne pipi lan ngambakne mripate pisan. Reki mbales pelototane adhine sing wadon kuwi karo sawangan sing kudu ngguyu. “Ngono wae nesu. Kan pancene sik calon. Kowe durung duwe buku, to?”
            “Awas, ya, lek wani komentar rena-rena maneh, mengko takkandhakne marang Ibu, lho. Ben ora diwenehi sangu!”
            “Walah, jarene penulis hebat. Ngono wae kok laporan menyang Ibuk. Kuwi jenenge ngalem.”
            “Ben! Ayo ngelokne apa maneh? Takjiwit lho engko!”
            “Ampun, Ndara Ayu. Ampun…” Reki nunduk-nundukna sirahe. Jiwitane Reka pancen terkenal lara lan perih ning kulit. Reki sakjane isa mbales… nanging, apa ya pantes? Dheweke kan luwih tuwa wolung tahun. Reka isih SMP, minangka Reki wis kuliah tingkat akhir. Reka pancen wis suwe mendhem kepinginane kang dadi penulis. Penulis cerita sing hebat. Penulis terkenal! Deweke mikir, lek dadi penulis kuwi nyenengne. Akeh kanca, akeh penggemar, akeh sing antri njaluk tandatangan utawa foto bareng. Artis plus, kuwi pemikirane lek dadi penulis. Plus, amarga sakliyane terkenal lan akeh penggemar, penulis kuwi rumangsane sosok sing cerdas lan nduwe wawasan luas.  Reki sering ngelingna, “Dudu kuwi tujuan penulis, Reka.”
            “Banjur apa?”
            “Marai kaapikan, gawe wong liya seneng, numbuhne semangat maca, gek ya ndandani morale bangsa.”
            “Kuwi ya tujuanku, tapi ora takomongne. Apa ya saben niat kudu dibengokne sing banter ben wong sakdonya krungu kabeh?”
            “Hehehe. Ancene Reka...”
            “Apa? Ancene Reka menyang apa?”
            Isuk kuwi cerah lan ceria. Kayak eseme Reka kang mekar kayak kembang mawar abang. “Mas Reki, apa ya jeneng samaran sing paling cocok gae aku?” Reka mlaku nyang ngarep-nyang mburi karo dolanan polpen ning tangan tengene. Sawentara tangan kiwane didhekekne ning mburi, gayane wis kayak guru sing lagi ngawasi murid-muride nggarap ulangan.
            “Jeneng samaran?”
            “Iya, jenenge kudu apik, gampang dieling-eling, duwe makna kang luas lan marketable alias disenengi pasar.”
            Thutuke Reki spontan decak kagum marang adhine. “Wuih.. ngerti teori ngono barang, oleh teko endi?”
            “Ya teka maca. Aku kan penulis hebat, kudu sregep maca.” Reka ngganti cara mlakune. Saiki nggawe gaya guru sing lagi nerangne muride. Polpene nunjuk-nunjuk menyang sirahe Reki.
            “Kan isih calon.”
            Reka nyawang kakange radha mangkel. Lengene mase dijiwit. “Ayo wani ngelokne maneh, takkeki jiwitan maut.” Reki langsung mbengok-mbengok kelaran, masang wajah melas karo nyuwun ampun.
            “Ampuni, Kanda, Adindaku sing taktresnani.”
            “Uwis, ra sah nggombal. Kepriye akhire jeneng samaranku?”
            “Piye lek jeneng mburine nggawe jenenge bapak, dadine Reka Sutardi!”
            “Wegah. Jenenge Bapak ora keren!”
            Sore wis teka.Nalika Reka sing nggawa selembar kertas lingguh ning jejere Reki sing lagi serius maca majalah olah raga.
            Mas, iki lho, biodata sing jik tas tak gawe. Diwaca, ya terus dikeritikisi.”
            Apa kuwi dikeritikisi? Dikritik, ta? Iki biodata ngge apa? Kok prestasi menang nggambar nalika TK ditulis barang?”
            Yo wis sembarang jenenge apa. Ya biodata kanggo bukuku, Mas. Piye, ta?
            Keninge Reki mlengkeret. “Po ra yo prestasi menulis wae sing perlu dicantumne?”
             Ora apa-apa to, malah luwih apik, ben sing maca isa luwih cedhak karo aku.”
            “O, ngono, ya.” Reki milih ngalah lan nerusne maca biodatane Reka.
            “Sik tas oleh pirang kalimat, ndelalah Reka kelingan sesuatu. “Eh, lha terus tulisanmu wis dimuat pirang media ta, kok wis arepe digawe buku?”
            Eng.. Durung blas.”
            Reki ya kaget krungu jawaban teko adhine. Tapi ana pemikiran liya muncul teka uteg-e. Paling Reka cuma durung mujur. “Padahal sampeyan wis nulis akeh, ya? Sampeyan wis oleh pirang cerpen? Puisi? Utawa novel? Gelem gak lek mas ngewangi nggolekake penerbit? Njajal gawanen mrene tulisan-tulisanmu Mas Reki pingin mirsani.”
            Reka njawab lirih, katon isin-isin. “Aku kan durung nulis blas.”
            “Haaa!!!” Saiki kekagetane Reki teko puncake. Reki melongo sakombo-ombone. “Dadi, sing wingi-wingi rame gawe foto close up, karo gawe jeneng samaran, nganggo biodata ki gawe apa?”
            Reka merengut. “Kanggo persiapan, no. Nek ndelalah Reka duwe buku lan durung duwe foto, jeneng samaran karo biodata sing akeh, penggemar Reka isa kabur lan ora tertarik maneh. Terus nek sekali nulis langsung menang lomba terus diwawancarai karo akeh wartawan… piye jal?”
            Reki spontan nepuk bathuke karo geleg-gelengne sirahe. Reki bingung dhewe. Proses kanggo dadi penulis, sakngertine Reki kuwi kudu akeh maca, nulis, lan ngirim ning berbagai media, liyane kuwi terus melu lomba-lomba penulisan. Lha Reka?  Sakjane saksuwene iki Reka maca buku panduan sing endi?
            Masiya karo lemes lan semangat mendukung, Reka sing wis angop banget, Reki isih sempat ngekeki wejangan. “Kanggo dadi penulis, sampeyan kudu nulis sing akeh, nduk.”
            “Beres, Mas. Kuwi pancene wajib! Mengko ya takgarap tulisanku.”

Jarkan saka Penulis Terkenal, anggitane Jazimah al Muhyi

2 comments: