15 Mitos-Mitos Jawa

1. Ora becik mangan ing tengah-tengah lawang.
→ yen mangan ing tengah lawang marakke angel jodhone.

2. Ora elok nyapu bengi-bengi.
→ yen nyapu bengi-bengi ndarakake nemoni ala.

3. Wong wadon nalika lagi mbobot ora oleh wani karo wong tuwa, opomaneh ibune.
→ yen wani karo wong tuwa lahire bayine angel.

4. Wong wadon nalika lagi mbobot kudu akeh mangan lamtara.
→ supaya anake lanang. (yen pengin duweni anak lanang)

5. Wong wadon nalika lagi mbobot kudu akeh ngombe banyu degan.
→ supaya pakulitane anake resik.

6. Wong wadon nalika lagi mbobot kudu akeh ngombe sari dele.
→ supaya pakulitane anake putih lan resik.

7. Wong wadon nalika lagi mbobot dianjurne ngombe lenga klenthik.
→ supaya lahire bayi gangsar/lancar.

8. Wong wadon nalika lagi mbobot dianjurne kerep ngepel (gawe tangan).
→ supaya lahire bayi gangsar lan ora sungsang (mbenakake posisine bayi).

9. Wong wadon nalika lagi mbobot ora oleh ngrasani.
→ yen ngrasani ndarakake anake mirip kaya wong sing dirasani.

10. Wong lanang ora oleh mateni kewan, nalika bojone lagi ngandhut.
→ ndarakake bayine kaya kewan sing dipateni bapake.

11. Wong wadon sing lagi mbobot ora oleh kalungan anduk.
→ yen kalungan anduk marakke bayine kalungan usus ning njero.

12. Yen mendem ari-ari aja gawe tangan kiwa.
→ yen mendem gawe tangan kiwa marakke anake kulina gawe tangan kiwa.

13. Yen mendem ari-ari aja jeru-jeru.
→ yen mendeme jeru marakke untune bayine angel/suwi metune.

14. Wong wadon nalika lagi mbobot ora oleh males-malesan.
→ yen males-malesan anake mbesuk melu lumoh tandang gawe.

15. Wong omah-omah ora oleh bangun omah/dandan-dandan omah ing sasi sura.
→ yen bangun/dandani omah ing sasi sura, bakal ora karuwan omah-omahane.