Thursday 21 March 2013

GEGURITAN: Busana ing Toko


Busana ing Toko

Winursita busana ing toko kang isa nembang
Tembange kawi kadadeyan kang dirasaake kanca-kancane
Sang busana nutugne ceritane:
“Nalika ingsun anyar kerep digawe
Nalika ingsun digawe kerep nyirep kringete
Yen wis reged ingsun diumbah, dipepe, disetrika, disimpen, banjur digawe maneh.
Kesel aku.
Yen wis mbladus ingsun dadi gombal”
Kamangka lampu toko katon padhang njingglang lan ngrangsang
Busana kuwi panggah sabar
Ngenteni ana kang milih gayane

***

No comments:

Post a Comment