TEMBANG MACAPAT


TEMBANG-TEMBANG MACAPAT


Asmaradana 1

Dhuh garwaku Banowati
Sira kariya raharja
Ingsun anemahi layon
Den becik pamomongira
Mring para putranira
Dhuh nyawa atmajaningsun
Dadya kariya raharja


Asmarandana 2

Anjasmara ari mami
Masmirat kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Probolingga
Tandhing lan Menakjingga
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra


Asmarandana 3

Aja turu sore kaki
Ana dewa nglanglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kelawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima


Asmarandana 4

Gegaraning wong akrami
Dudu banda dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta





Maskumambang 1

Menakjingga satuhu satru kang sekti
Yen mboten prayitna
Kalenan tumekeng lalis
Ingsun kang nigas jangganya


 Maskumambang 2

Kelek-kelek biyung sira ana ngendi
Enggal tulungana
Awakku kecemplung warih
Gelagepan wis meh pejah





Pangkur 1

Nimas Ayu kawruhana
Anggoningsun tinimbalan sang Aji
Tinudhing kinen anglurug
Tandhing lan Menakjingga
Muga paduka tansah antuk pepayung
Dadya satriya utama
Kalilakna minta pamit


 Pangkur 2

Jam 7 mlebu sekolah
Kaya ngene rasane dadi murid
Wira wiri saben isuk
Angudi kapinteran
Durung wis yen durung pikantuk kursus
Kursus saka pawulangan
Yaiku kang ingsun udhi





Pangkur Pitenangan

Tepung Tepangan kawula
Guh nyaguhi dharmaning mulang murid
Trima weweh kehing ngelmu
Wajibira sang dwija
Hywa kendat momong mulang sarta muruk
Yun ngawiji tinarbuka
Dimen bisa mupangati





Durma 1

Menakjingga ywa adreng andlarung sira
Nanging ingsun tan sudi
Suwita Sri Kenya
Kang cidra ing ubaya
Elah temen sira anjing
Tan keneng eman
Iki tiwasmu yekti


Durma 2

Angkat buta lan Sabawa
Dudu tanding tur jurit
Endi Minakjingga
Lah iki tanding ira
Ranggalawe ywa cariwis
Lah ayonono
Tan wurung anglemasi


4 comments: