Thursday 19 May 2016

Materi bhs jawa klz 5 sd sem 2

Materi Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2

1. Kerata Basa
Kerata basa; Kerata basa yaiku negesi tembung saka wandane( mengartikan kata dilihat dari suku katanya).
Contone

    Gelas; yen tugel ara bisa dilas.
    Piring = sepine yen miring.
    Tebu = antebing kalbu.
    Cengkir = kencenging pikir.
    Gedhang = digeged bubar (lebar) madhang.
    Guru; digugu lan ditiru.
    Tandur; ditata kanti mundhur
    Wanita; wani ing tata.

2. Jenising Layang 
    a. Jenising layang;
Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
Layang iber-iber (surat kiriman)
Layang dhawuh (surat perintah)
Layang lelayu (surat kematian)
Layang kitir (surat singkat / cekak aos)
Layang ulem (surat undangan)
  b. Perangane layang
Adangiyah /adawiyah / salam taklim
Papan lan titi mangsa
Salam pambuka
Pambuka layang
Surasa layang
Panutup layang
PeprenahTapak asma
Asma cetha
    Conto panutup layang/wasana basa;

    Wasana cekap semanten menawi wonten mkelepatan atur kuala nyuwun pangapunten.
    Cukup semene dhisik layangku, aku nunggu layang balesanmu. Matur nuwun.

3. Macapat

    Macapat; artine maca papat-papat. Macapat ana 11:
Mijil: tresna marang pepadha, prihatin, pituthur
Kinanthi: seneng, tresna
Sinom: ethes
Asmaradana: susah, seneng
Dhandhanggula: luwes
Gambuh: sumanak, sumadulur
Maskumambang: nelangsa
Durma: nesu, mangkel
Pangkur: kereng, nepsu
Megatruh: susah, prihatin, ugetun
Pocung: gregetan, kendho 

Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru lagu tembang-tembang macapat
Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a
Pucung: 12u, 6a, 8i, 12a.Gambuh: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Megatruh: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Mijil: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Kinanthi: 8u, 8i, 8a, 8i
Durma: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
Pangkur: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Asmaradana: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a,8u, 8a
Sinom: 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Dhandanggula: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

4. Paribasan

    Paribasan utawa peribahasa bahasa jawa:

Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Polahe anteng kitiran; bocah akeh polahe.
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran
Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan.

5. Arane Turunan, Arane Anak Wong
Kendahana-kendhani : anak 2 lanang, wadon
Kendhini, kendhaha : anak 2 wadon, lanang
Ontang-anting : anak 1 lanang
Unting-unting : anak 1 wadon
Uger-uger lawang : anak 2 lanang
Kembang sepasang : anak 2 wadon
Cukil dulit : anak 3 lanang
Gotong mayit : anak 3 wadon
Saramba : anak 4 lanang
Sarampi : anak 4 wadon
Pandhawa : anak 5 lanang
Pancagati : anak 5 wadon

6. Ngudal ukara

    Comil                     adus                      kali

    Jejer                      wasesa                 lesan

    Wily                       linggih                   jejer      bolong.

    Jejer                      wasesa                 lesan

7. Artine tembung 

Dhuwur kenchur; cendhek banget.
Nglemah bengkah; nela-nela/nyela-nyela.
Gemi, nestiti lan ngati-ati.Welas asih.

--- 

Sumber: damaruta.blogspot.com dari Edi Purnomo